AJA ANGKARA MURKA MUNDHAK REKASA
Rejeki iku ra bisa ditiru
Senajan padha lakumu
Senajan padha dodolanmu
Senajan padha pegaweanmu
Kasil kang ditampa bakal beda
Isa beda ing akehe bandha
Isa uga beda ing rasa ayeme nala
Kabeh iku saka katrenane Gusti Kang Maha Kuwasa
Sapa temen bakal tinemu
Sapa wani rekasa bakal olih mulya
Dudu akehe, tapi berkahe kang ndadekake cukup lan nyukupi
Wis ginaris takdire manungsa apa sing urip iku wis disangoni saka sing Kuwasa
Dalan urip wis cumepak cedhak kaya angin kang kasedhot irung bendinane
Nanging kadang manungsa sulap mata lan peteng atine, sing adoh saka awake katon padhang cumlorot ngawe-awe
Nanging sing cedhak neng ngarepe lan dadi tanggung jawabe disia-sia kaya ora duwe guna
Rejeki wis cumepak saka Gusti ora bakal kurang kango nyukupe uripe saka lair nganti tumeka pati
Nanging yen kanggo nyukupi karepe manungsa kang ora ana watese, rasane kabeh cupet, pikiran ruwet, lan atine bundet.
Welinge wong tuwa apa sing ana dilakoni, lan sing durung ana aja diarep-arep, sumeleha yen wis dadi duwekmu bakal tinemu, yen ora jatahmu apa maneh kok ngrebut, ngapusi wong liya anganggo cara sing ala lan
murang tata, iku bakal agawe uripmu rekasa, marga angkara murka ing wusana bakal balik kaya samestine utawa lewih rekasa.
Yen upama ayem bisa dituku karo bandha, mula rekasa dadi wong ora duwe
Untunge ayem bisa diduweni sapa wae sing gelem ngleremake atine ing bab kedunyan, seneng weweh lan tetulung wong liya, uga pasrah uripe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi
Mula ayuh padha sesanti, manembah marang Gusti Kang Maha Suci, Jaya-Jaya wijayanti nemahana kang sayekti, kabeh mau wis ginaris kersaning Gusti.